KETAMAN ASMORO
Saben wayah lingsir wengi,
mripat iki ora bisa turu….
tansah kelingan sliramu
wong bagus kang dadi pepujanku
bingung rasane atiku
arep sambat nanging karo sopo
nyatane ora kuwowo ngrasakke atiku
Sansoyo nelongso
wis tak lali2 malah sangsoyo kelingan
nganti tekan besok kapan nggonku
mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
wong kang lagi ketaman asmoro
presasat ra biso lali
esuk awan wengi tansah mbedo ati
TAK LILA AKE
udan deres wayahe wis wengi
njur kelingan lungamu dek wingi
opo wis dadi garisIng pesti
kowe bakal cindro janji
senajan uripku rekoso
kabeh mau bakale tak tompo
nuruti gegayuhanIng roso
bebrayan urip klawan diko
kowe lungo tanpo kabar, nganti seprene
larane ati sing nyangga aku dewe
ora ngiro yen bakal, ngene dadine
wis-wis yo wis yen ngono
yo wis yen ngono
tak lilaake
LAYANG KANGEN
layangmu tak tompo wingi kuwi
wis tak woco opo kareping atimu
trenyuh ati iki moco tulisanmu
ra kroso netes eluh neng pipiku
umpomo tanganku dadi suwiwi
iki ugo aku arep enggal bali
ning kepiye maneh margo kahananku
wong bagus entenono tekaku
ra maido sapa wong sing ora kangen
adoh bojo pengin turu angel merem
ra maido sopo wong sing ora trenyuh
ra kepethuk sak wetoro pengin weruh
percoyo aku kuwatno atimu
wong bagus entenono tekaku
TRIMO MUNDUR
trimo mundur
timbang loro ati
tak oyako wong kono wis lali
pancen wis nasibku iki
nandur becik tukule kok mung dilarani
reff : trimo ngalah
aku wis ra betah
tak tangisono malah mung
gawe susah
karepe wis ngajak pisah
karo aku
wis ra karep omah-omah
nangis aku isin
senadyan loro ing batin
aku lilo pisah kanti lahir batin
tresno sing ngrembuyung
saiki wis dadi garing
aku lilo pisah kanthi lahir batin
reff
KASMARAN
Yen arep crito karo sopo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar